DUNIA PGSD

DUNIA PGSD

Jumat, 09 September 2016

Pranata Cara



PRANATA CARA
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Alhamdulillahirabbil’alamin, asholatuwassalamu’alaa asrofil ambiyaakil  mursalin, sayyidina  maulana Muhammadin wa’ala alihi wasahbihi ajma’in, ammaba’du.
Dhumateng panjenenganipun Bapa Sukardi, ingkang kula kinurmati, saha kanca-kanca rombel 9 ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin, sumangga tansah kula lan panjenengan rumaos kanthi ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah, ingkang sampun kepareng maringi pinten-pinten kesarasan, kabagyan, lan kanikmatan, saenggo kito sedaya saged makempal ing adicara Diskusi kanthi kabagaswarasan lan kawilujegan. tanpo alangan satunggal punapa. Mboten kesupen shalawat sarta salam ugi tansah kita nglaeraken ing ngarsa Junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kito antos-antos syafa’atipun ing yaumul kiyamah amin Allahumma amin.
Ing wekdal punika, kita kelompok (…) badhe diskusikkaken kanthi babagan (…)keparenga kula nepangaken  asma kula (…) minangka pranata cara, (…) minangka moderator, lan (…) minangka pamicara. Sak derengipun kula badhe maosaken reroncengipun adicara. Adicara ingkang kapisan pambuka, adicara kapindo diskusi, lan lajeng adicara pungkasan inggih menika penutup. Sumanggo kito wiwiti adicara diskusi menika kanthi waosan basmalah. “Bismillahirrahmaanirrahiim…” Dumateng… minangka moderator ing diskusi punika wekdal saha panggenan kula aturi sumangga.
( sak sampunipun diskusi )
Matur nuwun dumateng (…) ingkang mimpin lampahing diskusi menika. Adicara saljengipun inggih menika panutup, sumangga adicara menika kita pungkasi kanthi waosan hamdalah sesarengan “Alhamdulilahirobbil’alamin”. Mugi-mugi adicara diskusi menika saget maringi manfaat kangge kita sedaya.
Cekap semanten adicara diskusi, ing wasana mbok bilih taksih kathah klenta-klintunipun anggen kula matur, tuwin solah bawa ingkang kirang mranani ing manah Bapa Sukardi lan kanca-kanca kula nyuwun aagunging samudera pngaksami. Sumangga kula saha panjenengan nutup adicara urun rembug menika kanthi waosan hamdalah. “Alhamdulillahirobbilalamin”. Salajengipun wekdal kulu kundhuraken dumateng Bapa Sukardi. Matur nuwun.
Wabillahi Taufik Walhidayah, Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar