DUNIA PGSD

DUNIA PGSD

Jumat, 09 September 2016

Pamilihan Tema-Tema Kangge Ningkataken Keprigelan Micara Basa Jawi Kanthi Terpadu Kangge Kelas Ngandap lan Kelas Nginggil



Pamilihan Tema-Tema Kangge Ningkataken Keprigelan Micara Basa Jawi Kanthi Terpadu Kangge Kelas Ngandap lan Kelas Nginggil
Tugas punika dipundamel kangge ngrampungaken tugas Basa Jawi



PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR
FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2012

PURWA WACANA

            Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, awit saking rahmat lan hidayahipun, panyerat saged ndhapuk makalah basa Jawi menika. Makalah punika nggadahi surasa kanthi irah-irahan “ Pamilihan Tema-Tema Kangge Ningkataken Keprigelan Micara Basa Jawi Kanthi Terpadu”.
Ing wasana, panyerat ngrumaosi bilih makalah punika taksih kathah kekiranganipun, pramila dhumateng para winasis supados suka paring penget saha sesuluh kangge saenipun saha kasumpurnaning makalah punika.
Panutuping atur, mugi-mugi makalah punika saged nggadahi paedah, nularaken ilmu, saha saged majengaken saha nguri-uri basa Jawi.

Semarang, September 2012

Panyerat
                 











BAB I
PURWAKA

A.      PANCADAN PRAKAWIS
Kemajengan jaman ingkang tansaya ngrembaka njalari sedaya peranganing ngagesang saged owah gingsir, kalebet unggah-ungguh basa putra dhateng tiyang sepuh. Tiyang sepuh rumaos kuwalahan anggenipun  nggulawentah kapribaden ingkang pinuji sarta anggenipun ndhawuhi pendhidhikan budi pakarti dhumateng para generasi ingkang tansaya mlorot. Guru ugi kedah ngegulang budi pakartinipun generasi mudha ing sekolah. Mila, satunggaling cara kangge ndandosaken budi pakarti kasebat lumantar pendhidhikan wonten ing Sekolah Dasar (SD), mliginipun lumantar piwulang basa Jawa.
Wonten salebetipun piwulang basa Jawi, para siswa diparingi piwulang unggah-ungguh, subasita saha watak ingkang luhung ingkang sampun kabekten saged maringi daya pangaribawa sarta ningkataken moral para siswa.Wonten ing makalah punika, badhe dipunrembag babagan pamilihan tema ingkang trep kangge ningkataken keprigelan micara basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap lan kelas nginggil.

B.       MOMOTANING PRAKAWIS
1.      Punapa kemawon cara ingkang saged ngindhakaken  katrampilan gineman basa Jawi terpadu kangge kelas ngandap lan kelas nginggil ?
2.      Punapa kemawon tema-tema ingkang saged ningkataken katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap ?
3.      Punapa kemawon tema-tema ingkang saged ningkataken keatrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas nginggil ?



C.       ANCAS
1.      Mangertosi cara ingkang saged kangge ngindhakake katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap lan kelas nginggil
2.      Njlentrehaken tema - tema ingkang saged ningkataken katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap
3.      Njlentrehaken tema - tema ingkang saged ningkataken katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap
















BAB II
SURASA

A.      Cara ingkang saged kangge ngindhakake  katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap lan kelas nginggil
1.      Kangge kelas ngandap (1, 2, 3)
a.       Siswa saged njlentrehaken cara damel lan meragakaken dolanan
b.      Nglakokaken pacelathon lumantar telepon
c.       Nyariosaken identitas pribadi wonten ngajeng kelas
2.      Kangge kelas nginggil (4, 5, 6)
a.       Mentasaken sandiwara cekak ingkang trep kangge siswa SD
b.      Nyariosaken pengalaman pribadi ingkang nyengsemake ngangge basanipun piyambak
c.       Gladhen miginakaken basa krama alus antawisipun  guru lan siswa

B.       Tema-tema ingkang saged ngindhakake katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap (kelas 1, 2, 3)
Katrampilan gineman menika kemampuan ngudharaken pikiran utawi ide lumantar lambang-lambang swanten. Tema-tema ingkang saged ningkataken katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap inggih punika :
1.      Njlentrehaken cara damel lan meragakaken dolanan
Dolanan inggih menika salah satunggaling kegiatan utami kangge pertumbuhan lan perkembangan sosial, fisik, emosi, spiritual lan intelektual siswa SD. Lumantar dolanan, para siswa saged mangertosi kahanan sekitaripun, interaksi ugi imajinasi ingkang becik. Amargi siswa SD remen dolanan, polah, nyanyi, nari ingkang ditindakaken piyambak-piyambak utawi kelompok, siswa SD boten bakal rumaos kepeksa, nanging para siswa bakal pikantuk kasenengan, imajinasi, kreativitas lan motivasi kangge sosialisasi mdumateng tiyang sanesipun. Dados, lumantar dolanan punika, saged nggladhen katrampilan gineman siswa.
2.      Nglakokaken pacelathon lumantar telepon
Kemajengan jaman sapunika sampun ngrembaka, telepon dados salah satunggaling media ingkang asring diginakaken ing padintenan kaliyan bebrayan, mliginipun para siswa ing jaman sapunika. Telepon saged dados cara ingkang efektif kangge ngembangaken katrampilan gineman para siswa. Lumantar pachelaton ing telepon, siswa saged nglatih kemampuan gineman/micara. Siswa saged gineman kaliyan kancanipun babagan piwulang wonten sekolah,  dolanan lan sapanunggalanipun.
3.      Nepangaken identitasipun siswa nganggge basa Jawi  sederhana
Lumantar perkenalan siswa wonten ngajeng kelas, siswa bakal kegladhen mentalipun kangge gineman wonten ngajengipun liyan. Perkenalanipun ngangge basa Jawi sederhana ingkang dipunginakaken siswa ing bebrayan. Siswa bakal kalatih kendel lan fasih gineman basa Jawi.

C.       Tema-tema ingkang saged ningkataken katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas nginggil (4,5,6)
1.      Nyariosaken isi cerita ngangge basanipun siswa piyambak
Siswa mirengake salah satunggaling cerita ingkang dipuncariosaken guru. Lajeng siswa dipunutus nyariosaken cerita punika ngangge bahasanipun siswa piyambak wonten ngajeng kelas. 
2.      Mentasaken sandiwara  cekak utawi babagan sandiwara ingkang trep kangge siswa
Pamilihan tema kangge naskah sandiwara siswa SD mendet tema ingkang sederhana lan cekak aos sesambetan kaliyan pagiyatan padintenanipun para siswa. Siswa dipunutus ngapalaken pacelathon naskah punika lajeng dipunperagakaken wonten ngajeng kelas. Dados, siswa saged nglatih gineman basa Jawi amargi salebetipun naskah punika wonten pacelathon sederhana. Ugi nglatih ekspresinipun siswa kanthi  mangertosi watakipun paraga ingkang dipunperagakaken.
3.      Gladhen miginakaken basa krama alus antawisipun guru kaliyan siswa
Salebetipun piwulangan mliginipun pelajaran basa Jawi, guru maringi tuladha dumateng siswa kepripun caranipun miginakaken basa krama ingkang trep. Guru maringi kawruh basa  sederhana ingkang asring dipunginakaken ing padintenan. Dados, siswa saged nerapaken tuladha wau kangge ginemann dumateng liyan.

























BAB III
PANUTUP

A.      DUDUTAN
Katrampilan gineman menika kemampuan ngudharaken pikiran utawi ide lumantar lambang-lambang swanten. Tema-tema ingkang saged ningkataken katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap antawisipun njlentrehaken cara damel lan meragakaken dolanan, nglakokaken pacelathon lumantar telepon lan nepangaken identitasipun siswa ngangge basa Jawi  sederhana. Geneya tema-tema ingkang saged ningkataken katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas nginggil antawisipun nyariosaken isi cerita ngangge basanipun siswa piyambak, mentasaken sandiwara  cekak utawi babagan sandiwara ingkang trep kanggemm siswa, gladhen miginakaken basa krama alus antawis guru kaliyan siswa. Dados, lumantar tema-tema punika katrampilan gineman siswa saged tuwuh.

B.       SARAN
Tiyang sepuh lan guru supados nggladhen katrampilan gineman/micara siswa ingkang dipunwiwiti ngangge basa Jawi sederhana ingkang asring dipunginakaken ing pagiyatan padintenan. Siswa dipungladhen kanthi telaten.








KAPUSTAKAN

Kadaryono, dkk. 2006. Remen Basa Jawa Kanggo Sekolah Dasar Kelas III. Semarang:        Erlangga.

Kadijo. 2005. Musthika Basa Jawa Anyar Kelas II. Semarang: PT.Remaja Rosdakarya.
Trimo, dkk. 2006. Remen Basa Jawa Kanggo Sekolah Dasar Kelas VI. Semarang:        Erlangga.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar